INSOMNIA
(sori ga bisa copas)
Mbuh ngapa kayong mandan ora enak turu mbengi kiye. Ketimbang langka pegawean (saben dina kaya ana pegawean bae), arep apdet blog maning.
Mbuh ngapa kayong mandan ora enak turu mbengi kiye. Ketimbang langka pegawean (saben dina kaya ana pegawean bae), arep apdet blog maning.
Siki nyong arep cerita bab INSOMNIA. Nah, ngerti beleh insomnia? Kae loh
penyakit sing kelalen jenenge dewek, kelalen kanca, keluarga, biasane alesane sirahe nubruk watu apa tembok bar tabrakan.. KUWE AMNESIAAAA..!!*elyn, elyn payahe nemen sung*
INSOMNIA : INyong Siki Ora Merem Ngebayangna Indahe Awakmu..
Siki
tek critakna disit sebab-sebab wong ora enak turu. Sebab wong ora enak turu kuwe matane esih melek. Lah dong turu karo melek ya arane edan..!! Ya ya ya.. mandan serius lah, kiye sebab2 ora
teyeng turu:
1. kakehan pikiran
Wong
ora bisa turu kue alesane kakehan pikiran. Mikiri utang, mikiri kapan duwe
pacar, mikiri kapan mbojo, mikiri mantan, karo mikiri sing lia-liane.
Kiye kiye sing kadang-kadang gawe menungsa galau. Tapi galau sedina ping
telu, kuwe galau apa nginum obat sih?? Nah ben ora kakehan pikiran,
carane uteke di dol. Ora usah kabeh, semending bae, supaya pikirane ora
kakehen. #ndadak!
2. Nginung kopi
Ora
bisa turu kuwe bisa di sebabna kopi. Kopi kuwe duwe kandungan kimia
(mbuh apa arane sing gawe ora bisa turu). bisane kopi bisa gawe
ora bisa turu?? tak menehi ngerti carane. Dadi kowen nggodog wedang panas,
trus gawe kopi. Nah kopi sing panas kuwe siramna matamu. Di jamin ora
bakal teyeng turu.
3. alesane sinau/nggarap tugas
Nah,
kiye kiye. Nyong banget lah pokoke *kaya bisa mikir lyn* -___- . Dong nyong urung turu mesti kiye
sebabe. (Wis ora usah kakehan penjelasan, sing penting koen wis maca, ora
usah kakekan tingkah. Karepe nyong nulis apa!! #emosi)
4. ngelih,,
Kiye
jane sebab sing ora mutu. dong ngelih ya mangan, malah pada curhat neng
twiiter apa neng facebook. Ujar ujare curhat gawe wareg ndean. Golet
panganan kae neng pedangan, mbukak kulkas kae ana isine. Isi es batu ya
di caplok bae ben wareg. Dong bocah kosan sih andalane mesti mie godog karo
ndog. #poll. Intine dong ngelih ya mangan, adong ora ana panganan apa
nyong mikir?? Trus nyong kudu koprol karo ngomong WOW kaya kuwe??
5. Salah posisi turu
Kiye
bisa dadi sebab koen ora bisa turu, Salah posisi misale, sirahmu neng
ngisor, sikilmu neng nduwur. Nah, dong posisi kaya kiye biasane sih angel
turu. Salah posisi liane contone, posisi turu ora neng kamar, tapi neng
WC, kiye ya biasane gawe angel turu.
Nah, dong lagi ora bisa turu trus kepriben carane? Tenang, tek wei tips ben cepet turu:
1.
Cepetan olih pacar, dong bisa mbengi kiye kudu olih pacar pokoke. Metu
ngumah, ana tukang bakso / tukang sate, tembak, jaluk dadian.
Cepetan..!!
2.
Olahraga. Biasane adong bar olahraga, awake kesel, dadi gampang ngantuk.
Nah, koen siki metu ngumah, muteri alun-alun / GOR ping pitu. Di jamin
dengkulmu pegel.
3.
Nginum susu. Susu bisa gawe mata ngantuk. Tapi sing akeh sih, "susu"
kuwe gawe mata melek.. #uteke!. Dong ora duwe susu, jajal kowe maring
kandang wedhus mburi umah kae. Peres bae susune, paling di dupak.
4.
Ngrungokna lagu. Lagu bisa gawe ati tentrem, suara lembute bisa gawe
ngantuk. Nek perlu studio rekaman di gawa sisan maring kamarmu sisan karo
penyanyi2 ne. Eben mantep.
5.
Maca buku. Maca buku bisa gawe mata kesel (lelah). Suwe-suwe ngantuk.
Sing penting aja buku porno #loh
6. Sing terakhir, nek koe kepengin turu, aja maca tulisan kiye. Nek koe esih maca, tandane koe esih urung turu.
Wis semene disit gole crita, kapan2 di sambung maning.
Kuwe mau bab insomnia. Smoga bae ana manfaate/ Kayane sih ora.
Ora urusan, ora urunan, ora duwe duit!
editing by : @miss_cicuit
elynnn
by : daplun


0 comments:
Posting Komentar