CLICK HERE FOR FREE BLOGGER TEMPLATES, LINK BUTTONS AND MORE! »

Rabu, 06 Maret 2013

TEGALAN 3

LDR : Lara Dewek Rasakna!



(sori ga bisa copas)


Siki nyong arep mbahas LDR. LDR : Lara Dewek Rasakna!

Ya ya, LDR kuwe Long Distance Relationship, dong bahasa Indonesiane Pacaran Karo Meteran. #loh
Pacaran adoh-adohan kuwe sing jenenge LDR.
LDR kuwe akeh sebabe, umume sih alesane pacare seklohah/kuliah/umah nang luar kota dadine adoh-adohan. Sing melasi kuwe dong LDR merga pancen pacarane ora tau ketemu. Ketemune nang chatingan, smsan, bbman trus dadian. Padahal asline kaya ngapa ora ngerti. Jebule pada lanange / pada wadone ya ora ngerti. Gelem bae di gorohi foto. Melasi yah..

LDR kuwe asline menang status ketimbang jomblo. Olih predikat pacaran. Bar kuwe wisuda dadi mantan.
LDR kuwe pacaran rasa jomblo.
LDR kuwe status pacaran sing asline atine kesepian.
LDR kuwe kaya jurusan bis, antar kota antar propinsi. 
LDR kuwe kaya Olympiade, antar negara.
LDR kuwe kaya lomba kenthongan, antar Kecamatan antar Kabupaten.
LDR kuwe adoh neng mata, boros neng pulsa.


Adong di pikir-pikir sih mubah pacaran adoh-adohan. Nyekel tangane ora bisa, ambung-ambungan ora bisa. Paling ambung-ambungan karo hape. Lambene ndower nganti kepanasen nempel neng hape.
Adong malem minggu, ora beda adoh karo jomblo. Mlongo neng ngumah, mbayangna rupane pacare lagi ngapa, jebule lagi selingkuh. Jajal sapa sing bisa ngerti, lagi smsan karo kowe, jebule neng kana pacarmu lagi mesra-mesraan karo wong lia. NAH!#ngompori
Trus adong lagi ribut, paling bisane ngomel-ngomel neng telepon. Arep ndupak apa ngeplak ora bisa. Paling hapene di banting, bar kuwe nangis ora teyeng tuku hape maning alesane hapene bodol.
LDR kuwe gawe bimbang masalah kepastian. Pacaran adoh-adohan arep tekan kapan? Ngenteni bada kethek??

Tek wei tips nggo nglakoni LDR:
1. Kudu bisa ngatur wektu ketemu
3. Kudu duwe pulsa
4. Kudu duwe duit
4. Kudu setia
5. Kudu saling percaya
Sing paling penting, KUDU GELEM.
Mandan ribet yah nek LDR? Pancen.

LDR kuwe sangar tapi melasi. Statuse duwe pacar, tapi seringe mangan ati. #wareg
Nek bisa sih, pacaran ya aja adoh-adohan. Apa sing perek ora ana? Apa merga sing perek ora ana sing gelem yah? Dadine se anane. Ananae pacar neng kana ya kepriwe maning kudu di terima.
Tapi mending yah ketimbang jomblo, sing adoh ya ora ana sing gelem, sing perek apamaning.. #lewihMelasi

Tapi kabeh mau ya sekarepmu, arep LDR, arep pacaran, arep jomblo taunan apa arep ngapa ya sekarepmu. Ora urusan, ora urunan, ora duwe duit.

editing: @miss_cicuit
            elynnn
from : daplun 

1 comments:

Unknown

jangan lupa comenn.. :))

Posting Komentar